Jumat, 06 September 2013

CONTOH PIDATO BASA JAWA "HARI PENDIDIKAN NASIONAL"

Di Posting --> halysha ashryy di Jumat, September 06, 2013

Assalamu’alaikum wr.wb

     Ingkang kinurmatan, bapak kepala sekolah SMA 1 kajen. Ingkang kula kurmati, bapak saha ibu guru lan jajaran staff tata usaha. Ingkang kula tresnani, rencang-rencang kelas X, XI, XII. 

     Sumangga kita aturaken puja lan puji syukur kehadirat allah SWT ingkang sampun ngaturaken rahmat saha hidayahipun, sahingga kita sesarengan saged makempal ing halaman SMA 1 kajen kanthi rasa sehat.

     Para hadirin ingkang kula kurmati, tujuan kula wonten teng ngriki yaiku badhe nyampeaken pidato kula tentang Hari pendidikan nasional. Hari pendidikan nasional, kapendet saking hari kelahiranipun bapak pendidikan kita yaiku bapak Ki hajar dewantara. Beliau nampi julukan kasebut amarga semangat juang beliau ingkang makentar-kentar kangge memperbaiki pendidikan ing Indonesia. 

     Biyen, nalika pemerintah walanda tasih menjajah Negara kita, para kaum pribumi mboten saged menikmati pendidikan amarga penjajahan ingkang dilakuaken Negara walanda. Nanging, amarga kerja keras, perjuangan lan dedikasi para pejuang kita, sak niki kita sedaya saged menikmati pendidikan kanthi rasa bebas.

     Ananging menurut kula, sistem pendidikan ing Indonesia tasih elek sanget. Dene, kalih sistem pendidikan ingkang sae, saged mujutaken suatu Negara ingkang maju lan sejahtera. Kalih pengelolaan sistem pendidikan ingkang sae, suatu Negara saged ngasilaken para generasi muda ingkang berkualitas. Sahengga, para generasi muda wau saged meneruskan perjuangan para pahlawan kangge majuaken Negara kita tercinta.

     Ingkang pungkasan, kula badhe nguri-uri para rencang-rencang supaya ningkataken belajripun. Kita para generasi muda, ingkang kudu nerusaken perjuangan para pahlawan kangge majuaken Negara Indonesia, supaya mboten kalah kalih Negara-negara maju liyane.

     Cekap sementen pidato saking kula. Apabilih wonten kesalahan polah lan tutur kata, kula ngaturaken agunging pangapunten. 

Wassalamu’alaikum wr.wb

0 Comment:

Posting Komentar

 

BLOGLOVIN' Template by Ipietoon Blogger Template | Gift Idea