SIAL !!!
Srengenge durung patiya katon. Tapi cahaya abang wes katon
ing sisih wetan. Godhong ing wit-witan isih padha teles amarga embun. Kabute
uga isih kandhel, ngawe hawa ing desa iki tambah atis.
Ing desa sing adoh saking kutha. sing isih katon asri iki,
urip randa tua. Randa iku biasa di undang mbok suminem. Mbok suminem nduwe anak
perjaka sing jenenge prapta. Prapta ora duwe gawean tetep. Nek lagi ora ana
gawean, prapta biasane turu utawa dolan ora genah. Beda karo ibune, senajan wes
tuwa lan sering sakit-sakitan, nanging mbok suminem tetep semangat kanggo lunga
menyang sawah.
Ora kaya dina biasane, dina iki mbok suminem isih turon
karo kemulan jarit. Biasane, nek wes subuh koyo iki, mbok suminem wes tangi lan
ngoprak-ngoprak prapta kanggo subuhan bareng neng mushola.
“ta... praptaaaa...” mbok
suminem mbengok ngundang prapta.
“ngeh mbok.” Semaure prapta karo ngantuk.
“awake simbok ora kepenak iki. Tulong jupuke obat ning nduwur meja ngarep ya.”
Akone mbok suminem.
“ngeh.” Ora let suwe, prapta wes bali karo ngowo obat lan wedang teh.
“niki mbok, obate di unjuk kaleh wedang niki.” Mature prapta karo ngaturke ke
obat lan wedang teh menyang simboke.
“matur nuwun ya le.” Omonge mbok suminem karo nyeleh ke gelas wedang neng meja
sanding kasure.
Prapta lungguh neng sanding mboke, terus mijeti sikile
mboke kanthi rasa sayang. Mbok suminem namung mesem, ndelok anake sing mbeler
dadi apikan nek wes ndelok ibune lara.
“le, kowe ya mbok ndang
golek kerja.” Omonge mbok suminem karo prapta.
“nggeh mbok. Kula mpun nyobi ndaftar dados sales. Tapi mboten ketampi.” Semaure
prapta sedih.
“ya wes. Kowe kudu tetep nyobo. Aja terus-terusan nganggur kaya ngene.”
Nasehate simbok.
“nggeh mbok.”
“ya wes. Ayo padha subuhan neng mushola. Sedelok maneh meh komat.” Omonge
simbok.
***
Sakwise awake rada kepenak, mbok suminem lunga menyang
sawah kaya biasane. Prapta mung turu neng omah, durung bisa golek gaweyan. Mbok
suminem lunga menyang sawah bareng kanca-kancane sing arep padha tandur.
“priye kabare yu. Apik
tha?” takone mbok iyah karo mbok suminem.
“ya apik yu. Mung bae mau sirah ku rada mumet.” Semaure mbok suminem.
“lho? Kok wes menyang sawah ki piye? Prapta ora neng omah po?”
“iki wes rada kepenak. Dadi tak gawa menyang sawah. Prapta sek turu neng omah.
Tekan nyah mene durung bisa entuk gawean.” Semaure mbok suminem karo sedih.
“di sabari wae yu. Sedela maneh mesti prapta entuk gawean.” Omonge mbok iyah
nenangke mbok sumiyem.
Tekan sawah, kinten-kinten jam 9 isuk, srengenge wes
nyinarke sinar panase. Ora biasane, jam 9 hawane wes panas kaya ngene. Sirahe
mbok suminem kerasa abot maneh. Awake wes kliyeng-kliyeng kaya ameh tiba.
“GAABRRUUKKK.” Let
pirang menit, mbok suminem wes tiba nibani tanduran pari sing nembe di tanduri.
Kanca-kancane mbok sumiyem padha jejeritan banjur nekani awake mbok sumiyem
kang wes ora sadar.
“ya allah yu. Kok
nganti ngene ki piye?” omonge mbok iyah.
“yu, aku tak ngundang prapta ndisik ya. Sampeyan nunggoni yu sumiyem neng kene
ya.” Kandane mbok iyah banjur mlayu nekani prapta.
“ta... prapta... simbok
mu semaput neng sawah taaa ...” mbok iyah mbengok karo nangis.
“wonten napa tha budhe??” takone prapta karo kuatir.
“simbok mu le... simbok mu semaput neng sawah.” Jawabe mbok iyah.
“ya allahhh ... ayo gek di tulungi.” Prapta langsung mlayu tumuju sawah.
Sakwise tekan, prapta langsung ngotong ibune menyang omahe.
“piye iki ta... simbok
mu kudu di gawa menyang rumah sakit.” Omonge mbok iyah kuatir.
“lah pripun budhe. kula lagi mboten gadah arta. Mangke pripun biayane?” jawabe
prapta sedih.
“wes!! Duit urusan keri. Sing penting saiki simbok mu ndang mari.”
Akhire, prapta lan mbok iyah ngawa mbok suminem menyang
rumah sakit. Saiki, mbok suminem lagi di rawat ing UGD. Awet mau, prapta ora
doyan mangan amarga mikirake biaya kanggo mbayar pengobatane simboke.
“wes ta le. Ora susah
mbok pikiri soal biaya ne. Insyaallah budhe mengko bisa mbantu ngeringanke
biayane.” Mature mbok iyah nenangke prapta.
“matur nuwun budhe. Insyaallah ngenjang
kula badhe madosi damelan.” Jawabe prapta.
“ya wes. Sesok budhe sing njagani mbok mu. kowe ndang golek gawean. Melas mbok
mu, lara kaya iki kakean pikiran.” Nasehate mbok iyah.
“ngeh budhe. Ngenjang tak usahak ke.”
***
Isuk-isuk banget prapta wes katon rapi nganggo kemejane.
Wes katon ngganteng lan wangi. Ora lali, prapta nggawa berkas-berkas kanggo
nglamar kerja. Sakwise siap, prapta banjur lunga numpak motor etek-eteke.
Prapta mandek neng perusahaan sing jenenge “PT JAYA
WIJAYA”. Karepe meh nyoba nglamar dadi sales. Sakwise ngrapike kemejane, prapta
banjur mlebu ing perusahaan mau lan mlaku tumuju “bagian umum”.
“nuwun sewu mbak. Kula
badhe ngajukke lamaran dados sales. Napa tasih wonten lowongan?” takone prapta
karo pegawe neng bagian umum.
“ohh, nggeh mas. Langsung mawon mas ngadep pimpinan kula.” Banjur, pegawe mau nggawa
prapta menyang ruangan direktur.
“mangga mas. Langsung mlebet mawon.” Akon ne pegawe mau. Karo deg-degan prapta
mlebu menyang ruangan iku. Nembe mlebu, prapta langsung disambut meseme pak
direktur.
“ngapunten pak. Kula badhe ngajuk ke lamaran dados sales.” Omonge prapta gelagapan.
“ohh. Saged kula tingal rumiyin surat-suratipun.” Jawabe pak direktur karo
mesem.
“nggeh saged.” Omonge prapta karo maringake berkas-berkase marang pak direktur.
Atine prapta deg-degan maneh, nunggoni apa sing ameh di omongke pak direktur
sakwise ndelok surat-surate. Awet mau, pak direktur mung mbolak-mbalik
berkas-berkas sing digawa prapta. Ati ne prapta wes kerasa ora penak.
“ngapuntene mas. Njenengan dereng memenuhi syarat dados sales teng mriki.
Ngapunten nggeh mas.” JLLEEBB..
perasaane prapta kecewa nemen sakwise nggerti deweke rak ditrima. Memang deweke
ngerti yen deweke cuman lulusan SMP. Lan ora nduwe pengalaman kerja sing akeh.
Prapta ora putus asa. Deweke kelingan, simboke isih lara
ning rumah sakit. Mesti simboke seneng yen deweke bisa entuk gawean. Banjur,
prapta nyoba nglamar dadi montir. Sapa ngerti, deweke bisa ketrima.
Motore prapta mandek neng bengkel motore pak tugiman. Karo
tekad sing kuat, prapta mlebu menyang bengkel mau. Nembe teka, prapta langsung
ketemu pak tugiman isih mantau kerjaan pegawe-pegawene. Langsung bae prapta
nyedaki pak tugiman.
“nuwun sewu pak, kula
badhe ngajuke lamaran dados montir teng ngriki. Napa saged?” takone prapta.
“ohhh, ngapunten mas. Aku lagi ora mbukak lowongan. Pegawe ku wes kakeyen.”
Jawabe pak tugiman. Karo rasa kecewa, prapta lunga ninggalke bengkel mau. Ora
kerasa, uluhe prapta wes metu kadi mripate. Wes pindo lamarane ditolak. Perasaane
prapta wes kacau. Deweke wes putus asa. Karo sedih, prapta nunggangi motore
menyang rumah sakit.
“budhe, pripun keadaane
simbok?” takone prapta karo mbok iyah.
“alhamdulillah wes agak mendingan. Tapi kowe kudu nembus obate simbok mu. nek
ora keadaane simbok mu bisa kaya wingi meneh.” Jawabe mbok iyah karo sedih. Aku
mung meneng. Tetep mikirke kepiye cara ne aku bisa entuk duit.
“kepiye ta. Kowe wes entuk gawean durung?” takone mbok iyah.
“dereng budhe. Kula sampun ngajukake lamaran ping kalih. Tapi di tolak sedaya.”
Jawabe prapta.
“sabar ya nang. Insyaallah budhe bakal mbantu nembus obate simbok mu.”
ngendikane mbok iyah karo ngelus-elus bahune prapta.
“matur nuwun budhe. Kula badhe kondor riyen. Kula titip simbok nggeh.”
“ya wes kana. Istirahat sek ya nang.”
Neng ndalan, prapta isih mikirake kepiye carane entuk duit
kanggo nembus obate simboke. Pikirane dadi kacau. Mara-mara, prapta duwe
pikiran jahat. Deweke weruh omah kosong sing isih ditinggal sing nduwe. Deweke
mikir, mungkin nyolong bisa ndadeake duit sing akeh. Saiki, prapta wes neng
ngarep pintu omah kosong iku. #CEKLEEEKK. Ternyata pintu omahe lali di kunci.
Karo deg-degan prapta mlebu omah iku lan njupuk barang-barang berharga be sing
nduwe omah. Karo kesusu, prapta metu kadi omah iku. Saking deg-degane, prapta
ora nyadar yen ana asu gedi neng ngarepe.
#gukk..gukk..gukk.. prapta mlayu ngibrit amarga wedi. Asu
mau tetep bae ngejar prapta. Krungu suara gemrusu, para warga pada metu.
Sakwise ngerti ana maling, para warga uga melu ngejar prapta. Prapta mlayu
menyang sawahan sing nembe ditanduri. Saking wedine, prapta ora weruh yan neng
ngarepe ana blumbang gedhi lan jero.
“AAA...tuluunnggg...”
prapta tiba marang blumbang mau. Para warga pada nulungi prapta supaya metu
kadi blumbang. Sakwise kuwi prapta digawa menyang kantor polisi. Prapta
bener-bener nyesel amarga tindaane iku. Deweke malah ngawe urusane dewe tambah
angel.